VIDEO LAGU PANTUN LUCU TENTANG TEMAN / PERSAHABATAN

LAGU PANTUN LUCUTENTANG TEMAN /PERSAHABATAN

Kerupuk uli soko gendar
Ayo Ngopi ning warung kopdar
Delok tv isine iklan
Ngopi disik ben gak edan

Malam minggu ning alun-alun
Golek cewek olehe rondo
Rasah nesu rasah ngalamun
Ayo dang rene kumpul konco

Katok dowo kotak kotak
Sepuluh ewu oleh telu
Karo konco rasah kemetak
Tiwas ngelu ngenes uripmu

Rondo ayu anake siji
Ono garangan macake kaji
Karo konco kudu gemati
Abot enteng yo di lakoni.

Alun alun lapangane ombo
Wong ngalamun mikirne rondo
Matur suwun nyuwun ngapuro
Cekap semanten atur kawulo.
Advertisement