20 PANTUN/PARIKAN KOCAK SEPUTAR UDAN GERIMIS DIJAMIN GERRRR

1 . Ngumbah keris ning sasi suro.... Wayah grimis kok ra ono rondo moro....😆😆😆(Raja Tega)

2 . Kacang Buncis Diwadahi Karung Udan Grimis paling penak mancal Sarung...😃😃😃(Setyo Rini)

3 . Malem Kemis Mendunge peteng Udan Grimis Akeh wong wedok Meteng ...😁😁😁(Setyo Rini)

4 . Dino kemis kemise pahing Udan grimis enak ngeloni guling 😀😀😀(Dhom Bundhel)

5 . Pak kumis bakol bakso... Wayah grimis plonga plongo...😁😁😁(Raja Tega)

6 . Udan gremis wayah wengi Enek wong manis ambune wangi...(Dhom Bundhel) 👍

7 . Tuku lapis neng pasar legi Udan grimis marakne brai 😀😀😀(Dhom Bundhel)

8 . Dino kemis maleme jemah grimis2 penak turu neng omah..😁😁😁(Dhom Bundhel)

9 . Tuku sosis regone satus selawe Udan Grimis neng weteng lue ae ..😅😅😅(Kang Hadi)

10 . Mbah damis bakule karak... Wayah grimis hawane kudu numpak...😃😃😃(Raja Tega)

11 . Pak kumis nyekel manuk Udan gerimis dang podo ngelimpruk...😭😭😭(Abu Naas)

12 . Wong manis untune gisul Udan grimis gak iso kumpul...😁😁😁(Dhom Bundhel)

13 . pak kumis manuk e dowo udan grimis ati nelongso...😭😭😭(Iput Tralala)

14 . Numpak bis medun solo Udan gerimis sing jomblo mesti ngeloc...... 😆😆😆(Abu Naas)

15 . Pak kumis manuke cilik Udan grimis isone mung mendelik...😂😂😂(Yetty Prabawani)

16 . Nandur manggis kleru pelem Udan gerimis rasane pingin ngalem...😭😭😭(Niya Naya)

17 . Numpak bis mudun ngawi... Kadong ngemis ra di wei...😃😃😃(Raja Tega)

18 . Nduduk lemah gawe linggis Ndang lemah lemah nek udan gerimis...😁😁😁(Niya Naya)

19 . Numpak bis mudun semarang Udan grimis onone mung garangan...😅😅😅(Yetty Prabawani)

20 . myanmar inggris sepeda ontelan,, Udan grimis gagal melu bancaan...😭😭😭(SanAgus Warung Kopdar)

Matur Suwun Kagem Poro Konco Ingkang Sampun Ikhlas Partisipasi Damel Pantun ....
Mugi sageto Dados Hiburan kagem Sedoyo Masyarakat
Amiiinnn .....

Advertisement