Cerito Lucu Dokter Untu Koplak

Dagelan Health

Ono salah sijine dino Mbah Hadi loro untu. Biasa cen wes tuo. Singkate cerito Mbah Hadi langsung periksa neng Dokter Lucky.

Eng ing engggg....!!!!

Dokter Lucky : "Mbah, untu sampeyan wis ompong, tak pasang untu sing anyar yo?"

Mbah Hadi : "Oleh ae, ning regone piro?"

Dokter Lucky : "Murah kok mbah... cuma rong yuto."

Mbah Hadi : "Yo wes... pasangen.. Larang-larang sithik gak popo."

Bar untune dipasang, Mbah Hadi mbayar nang dokter.

"Iki Dok, tak kontani, rong nyuto...!" 

Mari mbayar Mbah Hadi klunuk klunuk mulih. Let sediluk doktere mbengok.

"Mbah... Mbaaah... Kosik... mbaliko..!!"

Mbah Hadi : "Lha opo to Dok, duwite kurang?" 

Dokter Lucky : "Gak ngono mbah, iki lho duwit sampean palsu kabeh !!"

Mbah hadi : "Lha sing mbok pasang nang cangkemku opo untu asLi? Lak yo podo palsune to?!"

Dokter Lucky : "Wong tuwek ediaaannn ..!!"

😀😀😀😀

MATUR SUWUN...!!!

Advertisement