25 PERANG PANTUN GROUP GUYONAN ONLINE FACEBOOK

Iki hasile perang pantun neng status group guyonan online faceebook. Seng digarap bareng bareng karo konco konco group.


1. ( Karya : Sodiq Agus Sutardi )

Mlaku mlaku  tuku klambi
Klambi batik warnane nyolok
Jare ape prang pantun mbi kang hadi,,,
Kang hadine ndi plh gk ngetok

2. ( Karya : Abu Na'as )

Ning pasar numpak becak
Rodo kesusu medale banter.
Mungkin kang hadi jik macak
Gawe senenge suporter 😄😄😄

3. ( Karya : Sodiq Agus Sutardi )

Dandan becak opo pit unto
Unto kae mangane klopo,
Lagi macak opo tilpon rondo
Rondo nom anak limo

4. ( Karya : Abu Na'as )

Numpak becak tuku sekuteng
Ben anget gak masuk angin
Tiwas macak kadung ganteng
Najak ngampret sinh penting yakin

5. ( Karya : Abu Na'as )

Ono budi budal sekolah
Budal bareng karo cemplon.
Kang hadi rasah susah
Perang pantun ojo bukak primbon kwakakakkaka

6. ( Karya : Sodiq Agus Sutardi )

Menyang kali mampir gubug  
Gubuk cilik lawange ,,
Kang hadi kayane lagi sibuk
Sibuk mbi anak bojone ,,

7. ( Karya : Abu Na'as )

Wedi jenenge pasir
Tuku sak trek gae omah
Kang hadi jik mikir
Sirahe mumet atine susah

8. ( Karya : Sodiq Agus Sutardi )

Makani sapi nganggo sandal
Sapine pincang ndekem ning sawah ,,,
Jan jane kang hadi pingin budal  ,,
Nanging di cancang mbi wong ngomah,,

9. ( Karya : Dhombundhel )

Wong mecucu nyoro lambene
Wong nyoro ketok untune
Kang sodiq ki lucu tur gemesne
Garai mentolo njambak rambute 😄😄😄

10. ( Karya : Abu Na'as )

Mlorot katoke kolor
Ben seset taleni dadung.
Hadi kayak jik molor
Pikiran ruwet atine bingung

11. ( Karya : Sodiq Agus Sutardi )

Tuku klembak karo menyan
Tuku mbako karo udute ,,,
Inyong gk wedi di jambak mbi pean ,,,
Wong saiki ws ra ono rambute ,,,

12. ( Karya : Dhombundhel )

Gak ono rambute gak opo
Penting seh ono lulange
Genah iseh dowo ngono
Kok muni wes raono rambute 😄😄😄

13. ( Karya : Sodiq Agus Sutardi )

Bengi bengi golek impen ,,,
Mundak olih pegaweann,,,
Rambut iki cen tak simpen ,,
Ndak di jambak mbi peann ,,,

14. ( Karya : Dhombundhel )

Weteng luwe ki kaliren
Nek ra mangan ora kuat
Rambut kok disimpen
Po arep di ngge jimat 😄😄😄

15. ( Karya : Sodiq Agus Sutardi )

Tuku pecel karo roti,,,
Ono lalap godong sawi ,,,
Cen tak untel untel ning njero peci ,,,
Yen gi salat ben gak ngregoni,,,

16. ( Karya : Abu Na'as )

Tuku bolu kleru srabi
Rasa legi mergo di gulani.
Sirah ngelu pingin rabi
Mung paitan ulu ih gilani joh kwakakakka

17. ( Karya : Dhombundhel )

Rambut dowo ditopeni
Gak due topi lagi dikucer
Ulu dowo akeh seng goleki
Po meneh rondo, mesti nakser

19. ( Karya : Sodiq Agus Sutardi )

Iwal lele di sunduk alang alang ,,,
Iwak lurik iwak mujahir ,,,
Ojo ngece mbi arek magelang ,,,
Sekali lirik podo ngintil ,,,

20. ( Karya : Dhombundhel )

Tuku dandang sak pancine
Isek kurang tambahi wajan
Arek magelang ancene oke
Opo maneh babakan parikan

21. ( Karya : Sodiq Agus Sutardi )

Mimpi basah kudu kramase
Supoyo ilang najis lan kadase ,,
Panci leres niku mase ,,,
Kulo namung lulusan sd,,,
Kkkkkk

22. ( Karya : Dhombundhel )

Buntel lemper ijo rupane
Dibunteli trus di ndom-ndomne
Ancen bener lusan sd
Mari kui lanjut smp

23. ( Karya : Sodiq Agus Sutardi )

Mangan tempe ,di campur cuka,,,
Rasane ono kecut kecute ,,,
Mari smp lanjut smk
Ws ngono ntek ragate ,,,

24. ( Karya : Dhombundhel )

Sambel trasi lawuh tempe
Tambah seger enek duduhe
Mari wes ntek ragate
Golek duit lanjut mergawe 

25. ( Karya : Sodiq Agus Sutardi )

Numpak sekuter teko ngawinann,,
Ngidul ,,muter teko muntilan
Muter muter golek gawean
Jebul mung dadi kuli bangunan  ,,,
Advertisement