LIRIK LAGU PANTUN LUCU DAGELAN TENTANG KERJO

Karya Dhombundhel, San Agus, Dan Kawan-kawan

                       KERJO

Lala lala... Lala lala lala... 4x
Krupuk uli soko gendar
Ayo ngopi neng warung kopdar
Ndelok tipi isine iklan
Ngopi disek ben gak edan

Lala lala... Lala lala lala... 4x
Mangan telo ro poro konco
Konco cedak alias tonggo
Sak bendino isine kerjo
Golek duit ngge keluargo

Lala lala... Lala lala lala... 4x
Seng melungker biasane manuk
Manuk blekok notoli jangkrik
Ojo mbangkong tangiyo isuk
Ben rejeki gak ditotol pitik

Lala lala... Lala lala lala... 4x
Tuku cething ngge wadah sego
Cethinge cilik kok kurang ombo
Paling penting saiki kerjo
Sak durunge kiamat teko

Lala lala... Lala lala lala... 4x
Sore-sore nompo berkat
Bareng didudah isine utri
Dino sesok kudu semangat
Budal kerjo jo lali ngopi

Lala lala... Lala lala lala... 4x
Ulo sowo neng ngisor kursi
Rodo dowo marakne wedi
Kerjo isuk kok sampek bengi
Isone mung kanggo ngopi

Lala lala... Lala lala lala... 4x
Sore-sore dolan nggone camat
Disuguhi buah ceplukan
Semangat yo semangat
Ojo sampek lali katokan

Lala lala... Lala lala lala... 4x
Neng mojokerto mampir kediri
Neng kediri numpak taksi
Saiki kerjo ngge sangu rabi
Masalah ngopi dipiker keri

Lala lala... Lala lala lala... 4x
Tuku dawet neng pasar ngawi
Petuk iput goncengan ro lucky
Awan ngopi bengi ngopi
Najan nganggur penting happy

Lala lala... Lala lala lala... 4x
Nduwe konco seng sregep ngaji
Jenenge darto karo lucki
Poro konco ndang podo ngopi
Sangu kerjo golek rejeki

Lala lala... Lala lala lala... 4x
Leyeh-leyeh neng pelataran
Karo nggitar karo atang-atang
Iki pantun pantun guyonan
Nggo hiburan lan tetep sing tenang

Lala lala... Lala lala lala... 4x

Matur suwun....!!!

Advertisement